Jumat, 13 Agustus 2010

WELING USTADL SEPUH MDA

anak-anakku nangdi wae paranmu....cilik gede,tuo enom,lanang wadon, ilingo welingku iki...

saben saben kito bakal Ngunduh wohing pakerti...BECIK KETITIK OLO KETORO...
ora susah sliramu mamerake ngamal kebagusanmu,ora perlu ugo ngandak-ngandakke keihlasanmu marang manungso sepodomu,sebab kui ora migunani babar pisan malah iso bebayani...

lakonono opo kang dadi kuwajibanmu kanti tulus,tanggung jawab lan satiti...ora usah ndwe pamrih donyo,pengalem,opo maneh kepingin jabatan....

ilingo menungso kang podo ndwe pamrih kabeh mau mbesok bakal ora oleh bagian ning akherate...nanging nek kito tulus,tanggung jawab lan satiti....mesti kejobo akhirate bakale kagegem,donyone yo bakal katut..
kui kabeh ancaman ugo janji gusti kang murbing dunyo seisine.

anak-anakku sing bagus-bagus lan ayu-ayu...
dunyo iki kejobo pancen wis tuo.alias ora dowo umure..ugo mincuti lan mblangsakke.wis ora-ora kurang conto tulodo sing iso kito alap hikmahe.cukup wong lio bae sing ngrasakke...sliramu ora usah melu-melu dadi korban tipu muslihat donyo iki.sliramu cukup nengklengake,cukup ngalap tulodo.


sak mene wae ndisik yooo?di emut-emut....supoyo uripmu bejo ndunyo bejo akhirate


nuwun.